Kamis, 26 Februari 2009

PIDATO BOSO JOWO ( TULADHA PINAMPI PASRAH LAMARAN )

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun

Dumateng panjengannipun Bapak ( inking nyalirani pasrah ) ingkang sampun kepareng anyeliarani pangandikanipun Bapak (………..) sekakalian, minangka duta salirsaraya (badhe kadang besan), ingkang pantes sinubo ing pakurmatan.

Khanti raos kurmat saha nyuwun sewu agunging pangaksami inggih awit mundhi dawuh timbalanipun raka ………… sekalian ( ingkan mengku karya) awit keparenganipun, kula piniji minangka tetalanging atur, supados anampi menggah sawan atur linambaran osiking manah ingkang luhur panjenengannipun Ibu/Bapak ( kluargo penganten kakung ) lumantar panjengan.

Minangka purwaning atur, senadyan sampun kepara kasep angambali atur sugeng rawuh kairing atur panyuwun ingkang tanpa pepindhan dene tindak panjengan sampun kasembadaning sedya, kanti minggah kawilujangan datan wonten pringga bayaning marga

Salajengipun, sanget katampi kanthi gumbiraning manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe calon besan lumantar panjengan, salajengaipun dhumawaha sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jangkeping salaki rabi, kula tampi kanti suka bhingahing manah, samengke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun bapak (………….) sekalian. Boten sanes Ibu/Bapak (…………….) naming ngaturaken agunging panuwun menggah sedhaya peparinganipun badhe calon kadhang besan, pratondha yekti kasoking sih katresnan dhumatang Bapak (…………..) sekalian, mugi dadosa sarana reketing asepuh anggenipun ngentas pitulus putra, lan tansah manggih raharja tuwih bagya mulya.

Mekaten, atur panampi saking Bapak…………… sekalian lumantar kula, saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyahing mangsa kala tumapaking ijab saha Kabul sarta panggih, dipun suwun panjenanganipun bapak ….............. sekalian wonten keparengipun anjenengi saha paring donga pangestu murih rahayuning sedya.

Minongko pungksan atur, mbokblih menawi wonten kuciwaning boja karami, anggenipun kulo nampi menggah ing ing rawuh panjengan sedoyo, mugi tansah paring sih samudra pangaksami. Semonten ugi kula, minangka tetalinging basa mbok bilih wonten galap-gangsuling atur saha kiranging subasita, kupat duduhe santen sedyo lepat nyuwun pangapunten

Akhirul kalam, wa bilahit taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr Wb

4 komentar: